9aV5VOmNvWTJvyQUeBRmSjKEbRhrgwIEmSiBS4MZ

Tembang Jawa Tengah - Pucung

PUCUNG I

Bapak Pucung -
Cangkeme madhep mandhuwut
Sabamu ing sendhang
Pencoanmu lambung kereng
Prapteng wisma -
Si Pucung mutah guwaya
(Klenthing)



PUCUNG II
Bapak Pucung -
Amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka -
Si Pucung dadi dahana
(Penthol Korek)


PUCUNG III
Bapak Pucung -
Renteng - renteng kaya kalung
dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba -
Si Pucung mung turut kutha
(Sepur)


PUCUNG IV
Bapak Pucung -
Dudu watu dudu gunung
Sangkane ing sabrang
Ngon - ingone sang Bupati
Bapak Pucung -
Yen mlaku lembehan ngrana
(Wudhun)
Related Posts
Sri Kuncoro SP
Allah Is My Power
Follow: FB | IG | YT

Posting Komentar